Haii kawan semua, pastinya kalian tidak asing kan dengan tugas "Membuat pidato dalam bahasa jawa". Nah ini adalah salah satu contoh pidato dalam bahasa jawa yang disampaikan oleh Ketua PKK. Trimakasih semoga dapat membantu 😊
Assalamu'alaikum Wr.Wb.
Alhamdulillahirobil 'alamin wabihi nastanginu 'ala umuridunyawadin wassolatuwassalamu 'ala asrofil ambyai walmursalin wa'ala alihi wasohbihi ajma'in ama ba'du.
Ingkang kinurmatan Bapak Ranameja selaku ketua Rw 05
Ingkang kawulo hormati Almukaromah ustadzah Siti Munifah ingkang kawulo cadong fatfah-fatfahipun kaliyan warga Rw 05 sedoyo ingkang kawulo hormati ugi.
Langkung rumiyin monggo kita sareng sareng ngunjuaken raos syukur dumateng ngarso dalem Gusti Allah ingkang sampun paring mapinten - pinten kenikmatan dumateng kita sedoyo, alhamdulilah dumugi dinten meniko kita taksih pinaringan kesehatan ugi umur panjang saenggo kita saged sareng sareng kempal wonten rapat PKK Rw 05 meniko.
Solawat soho salam kantu dumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW tuin para sohabat sumrambah panderekipum ingkang bade kita tenggo syafa'atipun mbenjang wonten dinten yaumil kiamah aminnn allohumma aminn....
Bapak ibu ingkang kawulo hormati
Matur agunging panuwun saking rawuhipun panjenengan sedoyo wonten rapat PKK Rw 05 niki. Kita sedoyo sampun mangertos 10 program pokok PKK ingkang kedah dipunlaksanaaken kangge ningkataken kesejahteraan kita sedoyo. Pramila saking menika kangge nglancaraken 10 program pokok PKK niku kedah dipunbagi dados 4 kelompok kerja ingkang dipunsingkat POKJA
POKJA 1 niku tugase wonten bidang penghayatan, pengalaman Pancasila kaliyan gotong royong.
POKJA 2 wonten bidang pendidikan kaliyan keterampilan.
POKJA 3 wonten bidang pangan,sandang, kaliyan tata laksana rumah tangga.
POKJA 4 wonten bidang kesehatan kaliyan lingkungan hidup.
Pramila saking menika kawulo nyuwun partisipasi panjenengan sedoyo kangge wujudaken 10 program pokok PKK ingkang sae niki.
Mekaten ingkang saged kawulo aturaken kirang langkungipun kulo nyuwun agunging pangapunten.
Akhirul kalam wabilahitaufiq walhidayah
Wassalamu'alaikum Wr.Wb

Tidak ada komentar:
Posting Komentar